Dening : Wita Layla Nur Awalyah (GRAFAZENTH AXCILLARY)
“Walah, Ndra. Awakmu wis dadi artis, tah? Iki, loh, akun Tik Tok-mu wis centang biru!” Heboh cah lanang sing biasa diceluk Surya.
“Begjane kancaku, wis entuk duit pira koe saking Tik Tok, Ndra?” Cah lanang sing biasa diceluk Anan iku nyikut lengene kancane sing diceluk “Ndra” mau, alon.
Candra mung mesem pas dialem daning kanca-kancane. Rupane pancen gagah, awake gedhe duwur lan esemane manis.
“Alhamdulillah, Sur, Nan. Kabeh ya merga dukungan awakmu pada. Coba nek pas dadi MABA awakmu pada ora ngongkon aku gawe akun Tik Tok. Ya aku ora bakal entuk apa sing saiki aku duwe,” Candra njawab kanti sopan, deweke nepuk pundake Surya lan Anan, alon.
Cah telu mau lagi jejagongan ing kantin kampus UNNES, nyambi mangan baatagor lan nginung es teh. Suasana ing kawasan Fakultas Bahasa dan Seni UNNES iku adem ayem, kanthi teka-teka kerungu suara geguyone bocah wadon kang nggawe kabeh mripat ing kantin iku ngelirik.
Rupane teka cah wadon telu kang lumaku nyambi ngobrol lan guyon, banjur jejagongan ing meja kang cedak saking mejane Candra lan kanca-kancane.
“Weleh-weleh, Lan. Videomu wingi viral maneh, ya. Biasa, centang biru. Mung video trend velocity wae kok iso nge-trend lan ditiru akeh wong,” cah wadon sing dikenal Mentari heboh, suarane banter lan cetha banget kanthi Candra lan kanca-kancane kerungu.
Surya lan Anan ngelirik ndelokake Mentari lan kanca-kancane, banjur Mentari lan kanca-kancane ngelirik.
“Apa ndelok-ndelok? Awakmu iku lulusan pondok sing gaptek lan ketinggalan jaman kae, tah?” Cah wadon sing diceluk “Lan” mau ngomong marang Candra lan kanca-kancane.
Surya mendelik lan meh ngamuk, nanging dicekel Candra lan Anan.
“Gaptek? Ketinggalan jaman? Awakmu ngece aku lan kanca-kancaku, hah?!” Tembung Surya nganti mbentak.
“Ngece? Wulan, lho ngomong kasunyatan. Awakmu lan kanca-kancamu, kan, lulusan pondok. Wong pondok kan kerjane mung ngaji kitab Arab gundul nganggo pegon, bali omah paling pas Ramadhan wae. Yo wis mesthi gaptek, kan?” Cah wadon sing arane Kartika njawab, deweke melu-melu ngadeg lan mendelik marang Surya.
Anan emosi, deweke ngelirik Kartika kanthi tatapan ora seneng.
“Nek aku lan kanca-kancaku gaptek lan ketinggalan jaman, terus apa salahe? Awakmu ya ngerti aku lan kanca-kancaku iki jarang ketemu gadget, tah?” Tembung Anan, tangan lorone ngepel kenceng kanthi tanda nahan emosi.
“Ya, wagu, lah. Kita lho ngerti Candra nembe entuk centang biru neng Tik Tok, kan? Tapi isi akune mboseni tenan. Mung sinau bahasa arab, nahwu shorof apa lah, kue, ora ngerti. Paling sing lumayan nggawe aku tertarik ya mung kaligrafine sing apik-apik. Tik Tok kue ya panggonane hiburan, neng tangane Candra malah dadi panggonane sinau. Kan, ketinggalan jaman banget!” Mentari nyauti kanthi cetha lan sarkas, nggawe Candra lan kanca-kancane narik siji alise, heran.
Anan langsung ngelawan, “Lho, malah apik, lah. Sosmed digunakake kanggo nyebar ilmu. Amal jariyah iso, duit iso, pahala iso. Ora mung brainrot kaya konten goyang-goyang ora jelas.”
Surya nambahi karo ngerangkul Candra, “Iki malah imbang dunia-akhirat. Apa ora keren?”
Wulan nesu, meh mbalang sepatu, ditahan kancane. Deweke nyangkal Anan lan Surya maneh, “Tetep wae, kontenmu ketinggalan jaman. Ora nyambung karo tren saiki. Candra kuwi mung keminter, ngerasa pinter dhewe,” ujare Wulan.
“Heh, dijaga tembungmu! Candra ora mungkin ngono. Deweke mung arep migunakake sosmed kanthi positif, supaya main sosmed iku bisa entuk manfaat, ora mung mbuang waktu lan gawe brainrot,” Surya ora terima, deweke arep mereki Wulan lan kanca-kancane, nanging Surya cepet-cepet nahan tangane Anan.
Sauntara kuwi, Wulan lan kanca-kancane malah natap Candra lan kanca-kancane kayatah nantang utawa ngeremehake.
Tangan lorone Candra ngepel kenceng, nahan emosi. Kuping lan gulune abang, rasane getihe umeb. Anan lan Surya nepuk gegere Candra, nyoba nguwatake kancane iku. Sakjane Candra wis biasa entuk omongan kaya ngene, nanging mung sebatas ing komentar-komentar ing video Tik Tok e, lan saiki Candra krungu omongan iki nganggo kupinge deweke, ing tengah-tengah ramene kantin fakultas.
Mahasiswa liane sing ana neng kantin ndelokake keributan iku, ana sing midio, ana sing siaran langsung ing Instagram. Candra mbuang nafas dawa, deweke coba nahan emosi kang kepengen meledak saiki banget. Banjur Candra nyingkirake tangane Anan lan Surya sedurunge deweke mlaku mereki mejane Wulan lan kanca-kancane.
Candra narik napas dawa, terus maju alon-alon. “Sedurunge aku njaluk pangapura, tak terangke dhisik, ya. Niatku nggawe konten dudu merga ngerasa pinter. Aku isih bodho, pengin sinau bareng wong liya. Aku mung pengin nuduhake ilmu sing aku ngerti, sapa ngerti iso bermanfaat.” Tembung Candra kanthi alus. Suarane alus lan sopan, nuduhake sifat tawaddu’ lan sabare Candra sanadyan emosine mau arep meledak.
“Tembunganmu kaya kiyai ceramah. Apa ora artine awakmu ngrasa luwih becik tinimbang kancaku Wulan sing nggawe konten tren?” Kartika njawab kanthi sarkas, kang jelas nglarani atine Candra kanthi banget.
Candra narik napas alon, banjur deweke mbuang nafas dawa sadurunge natap Kartika lan njawab kanthi tenang lan alus.
“A’udzubillahi min dzalik. Ilang amalku nek aku ngrasa luwih becik. Wong sing gumedhe kaya Iblis sing nolak sujud marang Adam. Sosmed kuwi mung media, ora iso nemtokake sapa sing luwih becik. Sing ngerti mung Allah.”
Kartika, Wulan lan Mentari digawe melongo. Carane Candra njawab Kartika mau kanthi lembut lan sopan, banjur sabare Candra lan sikap tenange meski banjur diece gawe Wulan kan kanca-kancane ndengklukake sirah amarga isin. Anan lan Surya uga digawe melongo, cah loro mau geleng-geleng amerga kagum karo kancane iki.
Mahasiswa liane uga digawe tambah kagum maring Candra, suasana kantin sing maune ribut amerga cah nenem mau teka-teka sunyi senajan akeh mahasiswa ing kantin FBS iku.
“Maa Syaa Allah, njaluk pangapurane sing akeh, ya, Candra. Aku isin amarga banjur ngomong-ngomongi awakmu lan kanca-kancamu. Cah pondok iku senajan ketinggalan jaman, nanging adab lan ilmune selalu terdepan, ya? Aku lan kanca-kancaku sing esih fakir ilmu kaya ngene malah ngomongi awakmu sing wektune entek kanggo nggolek ilmu. Ngampurane banget, Candra.” Mentari natap Candra ragu-ragu amarga isin, deweke Swarane alon lan ketara nyesel.
“Alhamdulillah. Mesthi tak ampura. Kita kabeh isih fakir ilmu, padha-padha kudu sinau terus!” Tembung Candra kanthi mesem alus.
Surya lan Anan nyengir amba banget, jelas bangga amerga due kanca kaya Candra. Mahasiswa liyane mau ana sing keprok, banjur sapa bae ing kantin kejaba Candra keprok, kagum maring Candra. Pranyata ketenarane ora gawe Candra wuta lan gumedhe, malah ndadekake dheweke luwih andhap asor lan semangat golek ilmu. Kisahe iki nerangake nek potensi menungsa iku bisa dikembangake ing sosial media. Uga tergantung sapa kang nganggo, sosmed iku bisa nguntungake awake dewek lan wong liya, ananging sosmed uga bisa ngerugiake uwong akeh, gumantung carane masing-masing.